Senin, 22 Oktober 2012

Gambreng

sebuah kelompok bermain ketika SMP. kita menyebutnya dengan nama Gambreng. sampai sekarangpun aku dan teman - temannku tidak tahu arti kata tersebut. mengabadikan momen, itulah hoby kita semua





sebenernya bisa ketawa ketawa sendiri kalo liat itu foto, itu semua foto ketika aku kelas 8 smp. sementara sekarang aku sudah kelas 11.


cerkak " Dek Rina "


Langite padang sumebyar lintang, rembulan kang bunder  ora isin-isin ngetokake sinare. Sumilir angin nggawa aku karo suasana mbengi iki. Aku lungguh ning ngarep omah nglamun nyawang endahe langit iki. Pancen aku ora iso nutupi rasa seneng ning  atiku, saiki aku lagi seneng banget. Dadi kelingan Rina , cah wedok sing ayu, manis lan sopan . Rina pancen bocah sing menengan ora kakehan omong lan kakehan tingkah. Rina marake dina-dina ku endah, ben dina aku mesti mikirke Rina hawane aku pingin ketemu terus karo rina. Tresna ku iki ngluwihi tresnaku karo pacar-pacarku mbien. Rina, Rina, Rina pancen koe sing tak karepake.
Rina iku koncoku kerjo. Mejo kerjone sebelahan karo mejoku. saka pertama ketemu rina aku uis tresna karo deweke. Aku pancen lagi  2 wulan kerjo ning kono, lan lagi 1 wulan iso cedak karo Rina, nanging aku ngarasa uis nyaman banget yen cedak karo deknen.
dina senin aku mangkat kerjo. Aku ora sabar ketemu Rina, uis 2 dina aku ora ketemu. Pancen aku karo Rina durung pacaran nanging aku pengen yen Rina iso dadi pacarku yen iso malah dadi bojoku. Aku wes mantep tenan  karo pilihanku saiki. Tekan kantor ning kana Rina uis teko aku nyapa rina karo  mesem . Rina marakake aku tambah semangat kerjo.
 “ Rina ? uis awan kowe ora arep mangan awan ndisik? Ayo bareng aku “ ajakku karo narik tangane.
“ tapi mas, aku durung  ngrampungake gaweanku iki mas, iki laporane gawe mengko jam 2 .“ jawab Rina karo pasuryane sing marake atiku ndrodog.
“ alah ayo, mengko wetengmu luwe lho Rin, mengko tak ewangi gaweanmu, mergo gaweanku uis rampung.” Pangajakku karo dek Rina.
“oh iyo mas , tapi tenan lho mengko aku ewangi ?“ goda Rina.
Aku ning koprasi mangan karo dek Rina, aku lali karo segoku sing uis ning duwur mejo. Aku namati pasuryane dek Rina karo mesem-mesem.
          Wektu jam 15.00 wayahe bali, aku ngetrke Rina bali. Rencanane sesuk dina rabu aku arep ngomong karo Rina yen aku tresna karo deweke. bengine aku nyiapake kata-kata sing apik kanggo  ngomong karo Rina sesuk rabo. Aku isih nduwe wektu sedina yoiku dina selasa. Esuke dina selasa ning kantor aku ngomong-ngomong karo Rina cerita-cerita, banjur aku kaget banget amarga dik Rina ngomong yen deknen arep di jodohke karo wong tuone. Aku kaget ngrungoke cerito kui, padahal sesuk esok aku arep ngomong karo deknen yen aku seneng karo deknen. Pancen calone Rina wong uis mapan, calone pengusaha, anake kancane bapake tapi Rina ora seneng karo calone kui. Hawane aku kepingin nesu naging aku ora wani, aku wedi yen Rina mengko ora isa nerima aku dadi pacare.
          Sakwene Rina crita kui mau aku banjur ngadoh saka Rina atiku lara banget, ngrungakake Rina ngomong kui mau. Aku ora iso nglakokake apa-apa, aku ora mungkin bisa gagalake rencana bapake Rina. Hah atiku loro banget, cah wedok sing uis tenanan tak senengi jublane uis dijodohake. Atiku memang loro nanging aku ora gelem  Rina reti yen atiku loro amargo deknen.  
Aku mangkat kerjo koyo biasa, nanging aku ora nyapa Rina kaya biasane. Sedino iki aku lagi ora kepengen ngomong karo Rina. Rina ngajak ngomong aku nanging aku jawabe yo sitik ora koyo biasane. Aku pancen dadi jengkel karo rina .
Uis 2 minggu aku koyo ngene karo Rina. Tapi aku krungu-krungu yen calone Rina kui jarene di tangkep polisi amarga deknen korupsi. Aku kaget lan takok karo Rina, jublane berita kui bener lan rina ora sido di jodohke, aku seneng banget. Dino kui ku ngomong karo Rina.
“ Rina, opo bener calonmu kui di tangkep polisi ?”
“ bener mas deknen korupsi, aku yo kaget ok mas, padahal calonku kui wonge apikan lan menengan, tapi kok iso ngono “
“tapi kowe sido di jodohake opo ora rin?”
“ora mas, ora sido bapak keciwo karo calonku kui mau “
“ Alhamdulillah,”
“ Ngapa mas kok malah Alhamdulillah ?”
“ ngene lho dek rin , aku uis suwe tresna karo kowe, kowe gelem dadi ibu seko    anak-anakku  opo ora dek ?”
“pie ya mas ya, aku wedi yen kowe ora tenanan karo aku ?”
“aku bakal tenanan karo koe dek rina , aku tresna banget karo koe. Pie?”
“aku pancen uis suwe tresna karo kowe mas, nanging aku wedijen kowe ora tresna karo aku.”
“lha jawabanmu pie dek?”
“ Iyo mas aku gelem “

 Aku seneng banget aku rangkul rina karo guyu cekikian.

Selasa, 09 Oktober 2012

sederhana namun mengesankan

kenangan memori indah terukir bersama. Penuh canda tawa ditemani sebuah sebuah cemilan sederhana namun nikmat.  



Pukis, ya pukis itulah makanan favorit kita, sebuah pukis disantap bersama secara bergantian. Hahaha itu duluu. Tak kutemukan saat ini
kini takkutemukan kembali masaindah bersama kalian, ohya aku ingat ketika kitasemua menunggu hujan reda didepan sekolah. dengan ditemani somay hangat yang sangat nikmat.
sahabat aku rindu kalian